PUSAT
KEGIATAN GURU (PKG)
“ROGOJEMBANGAN”
Jl.
Yosorejo Ds.Yosorejo Kec.Petungkriyono Kab.Pekalongan 51193
ULANGAN TENGAH SEMESTER GENAP (UTS)
TAHUN PELAJARAN 2015/2016
Mata Pelajaran :
Bahasa Jawa Hari,
Tanggal :
Kelas / Semester : V (lima) / 2 Waktu :
Petunjuk umum :
11.
Tulisen aranmu ing pojok dhuwur tengen!
22. Wacanen
kang teliti saben petunjuk nggarap soal!
33. Garapen
kang mbok anggep luwih gampang dhisik!
44.
Telitinen wangsulanmu sadurunge mbok
wenehake bapak /ibu gurumu!
Wacanen ing baten wacan ing
ngisor iki!
RAWA
PENING
Ing
redi Merbabu wonten pandhita gadhah anak dados sawer. Sawer kala wau saya lami
saya mindhak ageng.Sang pandhita kersa ngaken putra, waton sawer wau purun tapa
nglekeri gunung Merbabu ngantos gathuk antawisipun endhas kaliyan buntutipun.
Sawer
tapa nglekeri redi Merbabu. Sareng pethiting buntut kacobi badhe kagathukaken
kaliyan sirah, taksih cupet, ilatipun lajeng dipuneletaken. Sang Ajar sumerep
,ilat dipunkethok. Sawer wau boten pejah badanipun saya lami saya boten
katawis, saking kathahing rerungkudan.
Tiyang
dhusun pados bebujengan wana,badhe bersih dhusun. Sedinten boten angsal
bebujengan wana.Wonten tiyang bacok-bacok lelandhesan ing rebatang. Kaget
rebatang ngedalaken rah.Gadhah penginten menawi ingkang medal rahipun punika
uling ingkang ageng sanget. Uling dipunpurak ulamipun dipunbekta mantuk dhateng
ing dhusun.
Ing
dhusun kathah tiyang sami olah-olah. Sukmanipun sawer mindha lare jaler,mara
dhateng dhusun nyuwun ulam sekul,nanging boten dipunparingi. Wonten nini-nini ingkang welas dhateng lare
wau,lare dipunsukani sekul ulam. Lare wau ngaturaken maturnuwun lan atur pemut
bilih badhe wonten bena. Supados sedhiya lesung kangge prau lan enthong kangge
welah.
Lare
wau nancebaken sada ing siti. Lare-lare sanesipun boten saged mbedhol.
Tiyang-tiyang sepuh sami mbedhol, nanging boten wonten ingkang saged. Lare alit
ingkang nancebaken sada wau lajeng mbedhol piyambak. Sareng sada kabedhol
,medal toyanipun. Toya saya ageng,ndadosaken bena utawi banjir. Tiyang sadhusun
pating njlerit sami pejah kablabak,namung tiyang sepuh nini-nini wau ingkang
wilujeng,numpak lesung. Panggenan ingkang kabanjiran wau dados rawa. Sapunika
naminipun Rawa Pening, tukipun lepen Tuntang.
I.
Wenehana
tandha ping (x) ing aksara a,b,c utawa d, sing bener-bener ana ing lembar
jawaban kang cumawis!
1.
Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku ….
a.
Redi Merbabu c.
Gunung Merbabu
b.
Rawa Pening d.
Sang Pandhita
2.
Ing gunung Merbabu ana pandhita duwe anak dadi
….
a.
Ula c.
Uler
b.
Kalajengking d.
Kewan
3.
Ing redi Merbabu wonten pandhita remen tapa. Redi
tegese….
a.
Ula c.
Gunung
b.
Kali d.
Uwit
4.
Tiyang dhusun padhos bebujengan wana, badhe
bersih dhusun. Bebujengan tegese ….
a.
Beburonan c.
Thethukulan
b.
Wit-witan d.
Kewan manut
5.
Pandhita wau gadhah anak salah kedadosan, dados
sawer. Sawer tegese ….
a.
Kali c.
Uwit
b.
Gunung d.
Ula
6.
Sareng sada kabedhol, medal toyanipun. Toya
tegese ….
a.
Getih c.
Banyu
b.
Tlutuh d.
Lendhut
7.
Toyo saya ageng, ndadosaken bena. Bena
tegese ….
a.
Banjir c.
Udan
b.
Mangsa ketiga d.
Rusak
8.
Lare wau nancebaken sada ing siti. Siti
tegese ….
a.
Banyu c.
Suked
b.
Lemah d.
Kayu
9.
Tiyang sepuh nini-nini ingkang wilujeng numpak
….
a.
Lesung c.
Gethek
b.
Prahu d.
Jaran
10.
Sore kuwi macan entuk mangsan kidang. Mangsan
padha karo ….
a.
Pangan c.
Kanca
b.
Mungsuh d.
Sedulur
11.
Ngengkrengan utawa kerangka laporan di tulis …
gawe laporan
a.
Sadurunge c.
Sarampunge
b.
Sawise d.
Bareng
12.
Irah-irahan laporan kuwi tegese padha karo ….
a.
Tema c.
Urutan
b.
Kerangka d.
Judul
13.
Supaya bisa nyritaake sawijining crita kanthi
runtut lan urut becik digawe … luwih dhisik.
a.
Judhule c.
Ngengrengan
b.
Gambare d.
Pitakonan
Wacan iki kanggo soal no. 14, 15, 16
“Merga
seni tari, aku bisa njajah desa milang kori”. Kandhane mantep miturut Susi,
ketrampilan mbeksa gedhe banget manfaate,kajaba tambah mitra, nggulawentah
pribadine dhewe murih disiplin, tanggung jawab,sarta percaya marang diri
pribadi.
14.
Miturut teks ing dhuwur ketrampilan mbeksa bisa
….
a.
Gawe Susi njajah desa milang kori
b.
Ndadekake Susi duwe kepribaden kang disiplin,
tanggung jawab, lan percaya diri pribadi
c.
Gawe sapa bae dadi wong kang tanggung jawab
d.
Gawe susi seneng mbeksa
15.
Ketrampilan beksa
akeh banget manfaate ,tulisan kang kacetak kandel tegese ….
a.
Puisi c.
Silat
b.
Tembang d.
Tari
16.
Susi bocah kang duwe tanggung jawab, mula yen ana tugas mesti di garap. Beda karo
adine sing seneng … mula gaweane keteter.
a.
Mencla-mencle c.
Masa bodo
b.
Srudal-srudul d.
Sipat kuping
17.
Irfan iku dudu bocah siji-sijine sing pinter ing
kelas lima. Wati, Budi, Rani, uga bocah pinter, mula yen ulangan sering meh
pada bijine.
Ukara
sing tegese padha karo ukara ing dhuwur yoiku ….
a.
Wati, Budi, Rani uga bocah pinter
b.
Irfan lan kanca-kancane pinter kabeh
c.
Ing kelas lima sing pinter dewe Irfan
d.
Ing kelas lima bocah sing pinter luwih saka siji
18.
Saben isuk wetara jam pitu wis budhal saka
daleme, ngasta tas isi buku ing penggalihe mung siji tujuane kepriye carane
nggawe bocah ben pinter lan migunani kango bangsa lan negara. Kondure wayah
awan wetara jam loronan.
Paragraf
ing dhuwur critakake ….
a.
Dokter c.
Sopir
b.
Guru d.
Perawat
19.
Pacelaton (dialog) iku ditindakake deneng wong
….
a.
Telu c.
Siji
b.
Luwih telu d.
Loro utawa luwih
20.
Tembang macapat iku cacahe ana ….
a.
10 c.
11
b.
12 d.
13
21.
Bodong kaya bocah jail nanging wedinan, seneng
kongkon kancane gawe onar. Bodong diarani bocah ….
a.
Nabok tangan kancane
b.
Nabok nyilih tangan
c.
Nabok nganggo tangan
d.
Tangan kancane di tabok
22.
Tembang mijil kadadean saka … larik (gatra)
a.
6 c.
7
b.
5 d.
8
23.
Eyang Kakung … saking Kalimantan
a.
Wangsul c.
Teka
b.
Mantuk d.
Kondur
24.
Yen
di tulis latin dadine ….
a.
Maryami ngidak cacing c. Maryam
ngguwak cacing
b.
Maryadi ngidak cacing d. Maryam
ngidak cacing
25. Aksara
jawa ing dhuwur diwaca
a.
Bocah kembar c.
Bocah lanang
b.
Bocah lancang d.
Bocah pinter
II.
Isenana
ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi jawaban kang mathuk!
1.
Prabu Pandu Dewanata ratu ing ….
2.
Tembang macapat cacahe ana ….
3.
Mijil kalebu tembang ….
4.
Panembahan Senapati kuwi raja ing ….
5.
Kuping kaku tur ….
6.
Akehing kecap (ucap) utawa suku tembung saben sa
gatra diarani ….
7.
Guru lagu yoiku ….
8.
Salak rasane rada sepet , yen di tulis nganggo
aksara jawa yoiku ….
9.
Bapak dhahar sate , yen di tulis nganggo aksara
jawa yoiku ….
10.
Yen diwaca unine ….
III.
Wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisor iki kanti patitis!
Gambuh
Para putra lan putri
Aja lali ing sadengah wektu
Tansah eling manembah marang Hyang Widhi
Wit sumbering urip iku
Tanna liya mung Hyang Manom
1.
Tembang gambuh ing dhuwur ngemu pesen apa?
2.
Apa sing kudu di tindakake ing sadhengah wektu?
3.
Tembang macapat cacahe ana 11, tulisen 5 bae!
4.
Kramakna ukara ing ngisor iki!
Ibu
lunga menyang pasar tuku iwak lele
5.
Jam pitu mangkat sekolah. Tulisen anggo aksara
jawa!
KUNCI
JAWABAN
I.
Pilihan
Ganda
1. B
|
6.
C
|
11.
A
|
16. C
|
21. B
|
2. A
|
7.
A
|
12.
D
|
17. D
|
22. A
|
3. C
|
8.
B
|
13.
C
|
18. B
|
23. D
|
4. A
|
9.
A
|
14.
A
|
19. D
|
24. B
|
5. D
|
10.
A
|
15.
D
|
20. C
|
25. C
|
II.
Isian
1.
Ngastina
2.
11
3.
Macapat
4.
Mataram
5.
Njepiping
6.
Guru wilangan
7.
Aksara urip (vokal) ing pungkasaning gatra
(baris)
8.
9.
10.
Bayu tuku buku
III.
Uraian
1.
Wong tuwa pesen marang anake aja lali ngibadah
2.
Tansah eling manembah marang Hyang Widhi
3.
–
Asmaradana -
Megatruh
-
Dhandang gula -
Mijil
-
Durma -
Pangkur
-
Gambuh -
Pocung
-
Kinanthi -
Sinom
-
Maskumambang
4.
Ibu tindak dhateng peken tumbas ulam lele
5.
Pensekoran:
1.
Jumlah soal 25 tiap jawaban benar sekor 1 nilai 25
2. Jumlah
soal 10 tiap jawaban benar sekor 2 nilai 20
3. Jumlah
soal 5 tiap jawaban benar sekor 3 nilai 15
Jumlah sekor maksimal 60
No comments:
Post a Comment