PUSAT
KEGIATAN GURU (PKG)
“ROGOJEMBANGAN”
Jl.
Yosorejo Ds.Yosorejo Kec.Petungkriyono Kab.Pekalongan 51193
ULANGAN TENGAH
SEMESTER GENAP (UTS)
TAHUN PELAJARAN 2015/2016
Mata pelajaran : Bahasa jawa Hari,Tanggal :
Kelas/semester : lll (tiga)/ Waktu : 60 menit
Petunjuk Umum :
1.Tulisen aranmu
ing pojok dhuwur
tengen !
2.Wacanen kang teliti
saben petunjuk nggarap soal !
3.Garapen kang mbok anggep luwih gampang dhisik !
4.Telitinen
wangsulanmu sadurunge mbok wenehake Bpk/Ibu gurumu !
l.Wenehna tanda (x) ing aksara
a,b lan c sangarepe pratelan kang bener
!
Nakula lan
Sadewa
Satriya pandhawa kuwi ana lima.
Kabeh lanang. Sing nomer papat lan lima kerep diceluk kembar. Marga pancen
kalairake dadi bocah kembar.Arane yaiku
Nakula lan sadewa.Dadi yen karo Raden Harjuna, Nakula lan sadewa iku
kapernah sedulur enom.
Nakula lan Sadewa klebu satriya sing becik
bedudene.Nakula lan Sadewa rukun banget karo sedulur. Kawit cilik, Nakula lan
Sadewa wis ditinggal rama ibune.Mula marang
sedulur tuwa tansah ngajeni
banget. Nakula lan Sadewa banget
asihe marang sedulur tuwa,luwih-luwih
ngelingi yen wiwit cilik diemong dening
sedulure-sedulure tuwa.
1.Sapa arane satriya pandhawa
sing nomer papat lan lima ?
a .Nakula lan Harjuna c.Werkudara lan
Nakula
b .Nakula lan Sadewa d.Sadewa lan Harjuna
2. Apa sebabe Nakula lan Sadewa kerep diceluk
kembar ?
a.Marga kelairake dadi bocah kembar
b.Marga
kelairake nomor papat lan lima
c.Marga nakula lan sadewa iku pernah
sedulur enom
d.Marga lanag-lanang
3. Kepriye watake Nakula lan
Sadewa marang sedulur tuwane
?
a.Tansah rukun banget c.Banget asihe marang
sedulur enom
b.Tansah sopan banget d.Tansah ngajeni banget
4.Sapa sing momong Nakula lan
Sadewa wiwit cilik ?
a.Harjuna c.Sedulur-sedulure
tuwa
b.Rama lan Ibune d.Sedulur-sedulure enom
5.Ana pira satriya pandhawa
kuwi ?
a.Lima c.Telu
b.Papat d.Loro
6.Bapak lagi lara weteng
.Krama inggile weteng yaiku.....
a.Asto c.talingan
b.Wajan d.Padharan
7.Ibu lunga ning pasar , yen dikramakna
dadi.....
a.Ibu tindak menyang peken c.Ibu lunga menyang
peken
b.Ibu kesah menyang peken d.Ibu lunga menyang
pasar
8.Sapa jenengmu,Dhi ? Kelebu ukara....
a.Pawarta c.Pitakon
b.pakon d.Dolanan
9.ukara ning ngisor iki sing
kelebu ukara pawarta, yaiku.....
a.Bukaken lawange ! c.Kena apa kowe ura mlebu sekolah
b.Leli
nonton gajah ning semarang d.Jupukna gelas !
10.Sawahe pak
Parto jembar banget.Tembong jembar padha karo....
a.Amba b.Sempit c.Kosong d.Kebak
11. Tembung
“kaya” yen ditulis jawa benere.......
a. b. c. d.
12. yen ditulis latin.....
a.Sapa dawa c.Sada
tawa
d.Sada dawa d.Pada
dawa
13.Ukara pakon
diwenehi tanda.....
a. ( , )
b. ( : )
c. ( ! )
d .( ? )
14.Alat
trasportasi sing ana ning Laut,yaiku.....
a.Sepur
c.Andhong
b.Kapal
d.Montor mabur
15.Tembang
“Gundol-gundol pacul” diarani tembang........
a.Dolanan b.Pangkur c.Pocung d. Macapat
16. Paman
panen semangka cilik-cilik banget.Kosok baline cilik-cilik yaiku.....
a.Amba-amba
c.Gedhe-gedhe
b.Ciut-ciut
d.akeh banget
Wacanen
guneman nganggo tilpun ing ngisor iki !
Yono
:”Halo ! Menapa wonten Doni ?”
Ika :”Halo ,..................................,menika
sinten?”
Yono
:”Kulo Yono.Yen ngono,aturaken marang doni
Yen dina iki ora sida latihan
bal-balan.
Latihane dina sabtu.”
Ika
:”nggih.pesene mas Yono mangke kula aturaken.”
Yono :”Maturnuwun.”
Ika
: “Sami-sami”
17.Sapa kang nerima
tilpun saka yono ?
a.Ika
c.Kang mase Doni
b. Doni
d.Ibune
Doni
18.Ukara kang
trep kanggo njawab pitakon yono marang Ika, yaiku....
a.Ya,halo c.Wonten
menapa
b.Kula adhine Doni d.Wah,mas Doni lagi tindak
19.Apa pesene
yono kanggo Doni....
a.Kareben ora lali dolanan bal-balan dina iki
b.Latihan bal-balan dimajoakake dina sabtu
c.Latihan bal-balan ditunda nganti dina
sabtu
d.Ora sida latihan bal-balan
20. yen
ditulis aksara latin......
a.Mala b.Mata c.Mama d.Nata
21.Tembung
“ Raja
“ yen ditulis jawa benere....
a.
b.
c. d.
22.Pama lan
Rudi padha rekreasi ana kebun binatang.
.........Sing lunga rekreasi ?
a.Pira c.Ngendi
b.Ngapa
d.Sapa
23.Ana ing
sekolahan,Sardi tumandang
rikat.Bocah kuwi nyapu,nyulaki
meja,kursi, lan nyirami tanduran.Dhasar
bocah sregep kabeh ditandangi
nganti kancane piket ora uman pagawean.
Sardi duwe watek....
a.Lucu
c.Guyup
b.Pinter d. Sregep
24.Yen
Bapak................aja rame-rame anggone dolanan.
Tembung kang trep kanggo njangkepi
yaiku....
a.Tindak c.Sare
b.Maos d.Ngasta
25.Anak kebo
jenenge......
a.Gudel c.entok
b.Cempe d.pitik
ll. Isenana ngaggo tembung kang bener !
1.Nyambut gawe bebarengan
diarani......
2.Yen kepingin pinter tur due kanca
akeh sinau kanthi.....
3.Satriya pandhawa iku cacahe ana lima.Sing mbarep
Yudhistira,mbarep
tegese......
4.Pandhawa sing kembar
yaiku.....lan.....
5.
Gambar traspotrtasi ing ndhuwur
yaiku......
6.
7.Tulisan jawa iki yen diganti
latin dadi.......
8.Tembung “tuku” yen di tulis anggo
aksara jawa dadi.........
9.Aku dadi kelingan biyung
tani.Biyung pada karo.......
10.Ukara”Ibu lagi njupuk gula”,yen
dikerakake dadi......
lll.Wangsulan kanthi premati !
1.Kramakna ukara ing ngisor iki.
“Eyang Hadi dina iki arep teka
mrene”?
2.”Bu Guru Ratih taseh ngasta wonten
ing kelas tigo.
Ukara ing dhuwur gawenen dasa ngoko ?
3.Tulisen aksara latine
?
4.Tulisen anggo aksara jawa” Dana
tuku kaca mata”?
5.Sebutna 5 piranti kanggo
trasportasi ?
Kunci jawaban :
l.1.b 6.d 11.d 16.c 21.d
2.a 7.b 12.b 17.a 22.d
3.d 8.c 13.c 18.b 23.d
4.c 9.b 14.b 19.c 24.c
5.a 10.a 15.a 20.b 25.a
ll. 1. Gugur gunung
2.Temen
3.Pertama
4. Nakula lan Sadewa
5.Sepur
6.Werkudara
7. Raja kaya
8.
9.Ibu
10. Ibu taseh mundhut gendhis
lll . 1. Eyang Hadi dinten punika badhe dumugi mriki.
2. Bu guru Ratih lagi mulang ning kelas telu.
3. Mangan sate
4.
5.-Sepur
-Mobil
-Kapal
-Motor
-Montor mabur
Penskoran :
Kriteia Penilaian ;
Skor benar l
= 1 x 25 =
25 = 25
ll =
2 x 10
= 20 =
20
lll =
3 x 5
= 15 =
15
Skor maksimal
= 60
Nilai akhir = Skor
perolehan : Skor maksimal x 100 =
Nilai

No comments:
Post a Comment